Jawa

Awan iku panas sanget. Srengengene mencorong kaya macan sing galak. Nanging Kancil babar pisan ora melu kahanan iku. Dheweke turu angler ing ngisore wit kang godhonge ngrembuyung nganti ngimpi. Dumadakan impene buyar amarga krungu swara njaluk tulung. “Tulung…tulung…kobongan… kobongan…,” pambengoke Wedhus karo mlayu saka kadohan. “Ana apa iki?” pitakone Kancil. “Ayo mlayu, Cil! Alase kobong!” jarene Wedhus. Pancen bener, saka kadohan katon beluk kandel mumbul. Kancil melu wedi meruhi kahanan iku. Mula dheweke banjur tangi jegegah lan melu mlayu nututi kanca-kancane. Kancil mlayu banter banget. Senajan awake cilik, nanging dheweke bisa mlayu banter sanget. Kanca-kancane ditinggal adoh ana mburi. “Aduh…ambeganku entek…,” kandhane Kancil karo mandheg amarga krenggosan. “Lho, ana ngendi kanca-kancaku kabeh? Waduh, aku iki ana ngendi? Kok koyoke aku durung tau menyang panggonan iki?” Kancil rumangsa bingung lan wedi. “ Gusti, kula nyuwun pitulungan.” Kancil banjur nerusake laku. Ora krasa olehe mlaku nganti tumeka pinggiring alas. Dheweke ndeleng ana tegalan amba duweke Pak Tani. “Wah, sayur lan buah. Matur nuwun Gusti.” Kancil seneng banget meruhi sing kaya ngono mau. Kebeneran dheweke ngelak lan luwe banget. Gorokane asat, wetenge kemrucuk. Kaya ora duwe dosa, Kancil banjur mangan sayur lan buah-buahan sing ana tegale Pak Tani mau. “Upamane saben dina bisa mangan kaya ngene, asli enak tenan,” batine Kancil karo ngglethak ana ngisore uwit amarga kuwaregen. Akhire kewan nakal iku keturon nganti ngorok-ngorok. Esuke nalika nglilir, Kancil rumangsa luwe maneh. Dheweke banjur ngubengi tegal maneh milih timun sing enom lan seger. “ Enake, seger sanget timun iki,” kandhane Kancil karo terus mangani timun. Amarga kuwaregen, Kancil banjur keturon maneh nganti awan. Kaya adate, saben rampung tandang gawe ing ngomah, Pak Tani budhal menyang tegalan. Pak Tani kaget nalika tekan tegalan lan meruhi tandurane sing morat-marit ora karu-karuwan. “Penggaweane sapa iki tanduranku nganti rusak kaya ngene? Awas yen nganti bisa kecekel!” ngendikane Pak Tani karo ngowak- ngawikne arite sing landhep. Kancil nglilir amarga krungu swarane Pak Tani. “Hmmm, uwong iku mesthi sing duwe tanduran iki! Brengose kandel, ireng, lan mlengkung. Lucu banget. Hihihi. Mengko yen Pak Tani mulih, aku bakal mangan timun iku maneh,” ngono grenenge Kancil. Mula bareng Pak Tani mulih, Kancil banjur metu saka dhelikane lan mlebu menyang tegalan maneh. Kewan nakal iku pesta timun maneh. Esuke, Pak Tani mbalik menyang tegalan karo nggawa wong-wongan sing wis dibloyohi pulut nangka sing kelet sanget. Meruhi sing kaya ngono mau, ora ndadekake Kancil wedi. Nalika Pak Tani mulih saka tegal, Kancil banjur nyedhaki wong-wongan mau karo ngece-ece. “Pak, aku sing nyolong timun ana tegal iki. Aku luwe. Mula aku nyuwun pangapura ya, Pak,” kandhane Kancil. Amarga rumangsa ora direken, Kancil nesu lan banjur nyepak wong-wongan iku. Sikil ngarep sisih tengene kelet ora bisa uwal.Mula Kancil banjur ngantem maneh nganggo sikil kiwane. Lan saiki awake Kancil malah banjur kelet kabeh karo wong-wongan maul an ora bisa uwal. “Aduh, piye iki?” pikire Kancil judeg. Sorene Pak Tani bali maneh menyang tegalan lan kaget weruhi Kancil kang lagi nangis. “Kapok, salahe dhewe seneng nyolong!” kandhane Pak Tani karo mlayu mulih ninggal Kancil kang isih nangis kepiyer.

Indonesia

Awan sangat panas. Matahari bersinar seperti harimau ganas. Tapi Kancil sama sekali tidak terlibat dalam situasi itu. Dia tidur pemancing di bawah pohon yang daunnya rimbun sampai mimpi. Tiba-tiba mimpinya buyar karena mendengar suara minta tolong. “Tolong, tolong, bakar, bakar,” teriak Kambing sambil lari. jarak. "Apa ini?" tanya Kancil. “Ayo lari, Cil! Hutan terbakar! ” jarene Wedhus. Benar sekali, dari kejauhan terlihat seperti uap pantulan yang tebal. Si kancil takut menghadapi situasi tersebut. Jadi dia bangkit dan bergabung berlari mengejar teman-temannya. Rusa berlari sangat cepat. Meskipun dia kecil, tapi dia bisa berlari dengan sangat cepat. Teman-temannya tertinggal jauh. "Oh, aku kehabisan napas," kata Kancil, berhenti sambil menghela nafas. “Nah, di mana semua temanku? Ups, di mana aku? Mengapa sepertinya saya belum apakah kamu pernah ke tempat ini?” Rusa merasa bingung dan takut. "Tuan, saya meminta bantuan Anda." Rusa kemudian melanjutkan latihannya. Tak terasa berjalan kaki hingga sampai di tepi hutan. Mereka lihat disana ada sebuah peternakan besar milik Pak Tani. “Yah, sayuran dan buah-buahan. Terima kasih Tuhan. " Rusa sangat senang melihat hal seperti itu. Untungnya dia haus dan sangat lapar. gorokan asat, wetenge kemrucuk.Seolah tidak bersalah, Kancil kemudian memakan sayur dan buah-buahan dari ladang Pak Tani mau. “Misalnya tiap hari bisa makan begini, enak banget,” pikir Kancil sambil menghela nafas berada di bawah pohon karena kesepian. Akhirnya hewan nakal itu tertidur sampai mendengkur. Keesokan paginya saat hujan, Kancil merasa lapar lagi. Dia kemudian berjalan di sekitar pertanian lagi pilihlah mentimun yang masih muda dan segar. "Lezat, mentimun segar sekali," kata Kancil sambil melanjutkan makannya ketimun. Karena kelelahan, Kancil kemudian tidur lagi sampai siang. Seperti biasa, setiap selesai bekerja di rumah, Pak Tani pergi ke ladang. Pak Tani terkejut ketika sampai di peternakan dan melihat tanaman yang hancur tanpa ampun. “Siapa yang membuat tanamanku hancur seperti ini? Hati-hati jangan sampai ketahuan!” kata Pak Tani dengan pedang bermata tajam. Rusa tersentak mendengar suara Pak Tani. “Hmmm, pasti orang-orang yang memiliki tanaman ini! Brengose ​​tebal, hitam, dan melengkung. Sangat lucu. hihihi. Nanti kalau Pak Tani pulang, saya makan ketimun lagi,” katanya greneng Kancil. Jadi ketika Pak Tani kembali, Kancil keluar dari persembunyian dan masuk bertani lagi. Hewan nakal adalah pesta mentimun lagi. Keesokan harinya Pak Tani kembali ke ladang bersama orang-orang yang telah diolesi beras ketan nangka yang sangat lengket.Melihat hal seperti itu tidak membuat Kancil takut. Ketika Pak Tani Sepulang dari lapangan, Kancil lalu menghampiri mereka sambil mencibir. “Pak, saya mencuri mentimun dari peternakan ini. Saya lapar. Jadi saya minta maaf, Pak,” kata Kancil. Merasa tak terbendung, Kancil marah lalu menendang mereka. Kaki depan di sisi kanan tongkat tidak bisa lepas, jadi Kancil lalu memukulinya lagi dengan kakinya kiwan. Dan sekarang tubuh Kancil itupun menempel semua dengan orang maul dan tidak bisa lepas. "Oh, bagaimana ini?" pikir Kancil Judeg. Sore harinya Pak Tani kembali ke peternakan dan kaget melihat Kancil menangis. "Kapok, itu salahmu sendiri karena mencuri!" kata Pak Tani sambil berlari pulang meninggalkan Kancil dia masih menangis.

TerjemahanBahasa.com | Bagaimana cara menggunakan penerjemah teks bahasa Jawa-Indonesia?

Dianggap bahwa pengguna yang mengunjungi situs web ini telah menerima Ketentuan Layanan dan Kebijakan Privasi. Di situs web (terjemahaninggris.com), pengunjung mana pun dapat memiliki bagian seperti forum, buku tamu, tempat mereka dapat menulis. Kami tidak bertanggung jawab atas konten yang ditulis oleh pengunjung. Namun, jika Anda melihat sesuatu yang tidak pantas, beri tahu kami. Kami akan melakukan yang terbaik dan kami akan memperbaikinya. Jika Anda melihat sesuatu yang salah, hubungi kami di →"Kontak" dan kami akan memperbaikinya. Kami dapat menambahkan lebih banyak konten dan kamus, atau kami dapat mencabut layanan tertentu tanpa pemberitahuan sebelumnya kepada pengunjung.


Kebijakan Privasi

Vendor pihak ketiga, termasuk Google, menggunakan cookie untuk menayangkan iklan berdasarkan kunjungan sebelumnya yang dilakukan pengguna ke situs web Anda atau situs web lain. Penggunaan cookie iklan oleh Google memungkinkan Google dan mitranya untuk menayangkan iklan kepada pengguna Anda berdasarkan kunjungan mereka ke situs Anda dan/atau situs lain di Internet. Pengguna dapat menyisih dari iklan hasil personalisasi dengan mengunjungi Setelan Iklan. (Atau, Anda dapat mengarahkan pengguna untuk menyisih dari penggunaan cookie vendor pihak ketiga untuk iklan hasil personalisasi dengan mengunjungi www.aboutads.info.)